Contoh Soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas 6 dan Kunci Jawabannya semester Ganjil 2019/2020

Photo by John-Mark Smith from Pexels


1. Semar, Bagong, Petruk lan Gareng iku diarani …
a. Kurawa   c. Ramayana
b. Punakawan   d. Pandhawa

2. Wong sing penggawene ana ing sawah diarani …
a. Nelayan   c. Masinis
b. Petani    d. Dokter

Wacan iki kanggo nomer 3, 4, 5.
                          Raden Werkudara
Raden Werkudara kuwi panenggake Pandhawa. Raden Werkudara kuwi satriya Jodhipati. Dedege Werkudara gagah gedhe dhuwur. Kalebu swarane uga gedhe jumleger. Apa maneh yen pinuju nesu, swarane kaya-kaya njugrukake gunung.

Nanging watake satriya pinunjul banget. Raden Werkudara ora seneng umuk, ora goroh, tur ora nate pamer kekuwatane. Kamangka Raden Werkudara kuwi sekti mandraguna. Wesi gligen wae bisa ditoklek nganggo tangane.

Raden Werkudara uga duwe kuku kang ampuh banget. Kukune mau bisa kanggo nyuwek-nyuwek cangkeme macan sing galak. Kukune Werkudara sing ampuh kuwi jenenge kuku pancanaka.
Sanajan nduweni kekuwatan kang linuwih satriya perkasa iki ora nduweni sifat kang gumedhe. Dheweke malah dhemen tetulung marang wong liya.

3. Sapa panenggake Pandhawa kuwi ?
a. Raden Janaka   c. Raden Puntadewa
b. Raden Werkudara  d. Raden Nakula

4. Apa piandele Raden Werkudara kang tumemplek ana awake ?
a. Pancasana   c. Wesi Gligen
b. Panah Pasopati   d. Kuku Pancanaka

5.  Ing ngendi kasatriyane Raden Werkudara ?
a. Mandakara   c. Jodhipati
b. Pringgondani   d. Madukara

6. Ing ngisor iki tuladhane tembang dolanan, kajaba …
a. Kinanthi   c. Gajah-gajah
b. Cublek-cublek suweng d. Jaranan

7. Dokter iku tetulung marang…
a. Wong lara   c. Wong sehat
b. Wong nelongso   d. Wong apik

8. Wong sing penggaweane ngelakokake sepur yaiku ....
a. Nahkoda    c. Pilot
b. Masinis    d. Kondektur

9. Papan panggonan kanggo wong dol-tinuku yaiku …
a. Puskesmas   c. KUA
b. Sekolahan   d. Pasar

10. Budhe untune lara. Basa kramane …
a. Budhe wajane gerah
b. Budhe wajanipun lara
c. Budhe wajaning gerah
d. Budhe wajanipun gerah

11. Ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara tanggap yaiku ....
a. Budi lagi nata buku
b. Rina lagi mangan sega
c. Sepedane lagi digawa Tuti
d. Pak guru lagi ngulang muride

12. Pumpung esih bocah, kudu gelet kawruh. Kawruh tegese ...
 a. Tuku        c. Lagu
 b. Ilmu        d. Buku

13. Kang kalebu tembang macapat yaiku ...
 a. Bengawan solo    c. Jaranan
 b. Ilir-ilir              d. Gambuh

14. Aksara jawa cacahe/jumlahe ana ...
 a. 18        c. 20
 b. 19        d. 21

15. Simbah nembe mriksakaken ... dhateng Puskemas.
 a. Padharanipun     c. Untune
 b. Mripate      d. Sikile

16. Cacahing wanda/jumlah suku kata saben sagatra/salarik diarani ...
 a. guru gatra      c. guru wilangan
 b. guru lagu      d. dhondling

17. Aku wingi kodanan, sandhanganku teles ...
 a. Blas        c. Njejet
 b. Mbethethet      d. Kebes

18. Guru gatrane tembang maskumambang ana ...
 a. 4                c. 6
 b. 5                d. 7

19. Bu bidhan (priksa) pasien sing ngandhut.
 a. Dipriksani      c. Mriksakake
 b. Dipriksa      d. Mriksa

20. Perange Pandhawa lan Kurawa yaiku arane ....
a. Ramayana  c. Baratayana
b. Baratayuda  d. Dhawakura

21. Bengi iki rembulane katon bunder. Langite dadi katon padang ....
a. Jluwang  c. Abang
b. Njingglang  d. Dluwang

22. Tembung ing ngisor iki sing ora kalebu dasanamane angin yaiku ....
a. Bajra   c. Bayu
b. Hawa   d. Surya

23. Sirahe Pak Darman gundhul tanpa ....
a. Topi   c. Rambut
b. Wulu   d. Buntut

24. Kencur, jahe, kunyit iku kalebu tanduran ....
a. Palawija   c. Palagumantung
b. Empon-empon  b. Palakesimpar

25. Rani iku nek mlaku banter, nanging nek Dini iku mlakune alon kaya ....
a. Sepur   c. Keyong
b. Kilat   d. Kucing
26. Ngandharake kedadean sebenere, iki salah sijine ciri …
a. Teks fiksi  c. Teks informasi
b. Teks persuasif   d. Teks narasi

27. Wacan iki sing kalebu teks informasi yaiku …
a. Iklan, dongeng, crita cekak
b. Deskripsi, iklan, pariwara
c. Pawarta, pariwara, dongeng
d. Pariwara, dongeng, crita rakyat

28.    Herbalis diramu saka gegodhongan sing akeh kasiate. Diolah kanthi cara modern lan bias ngobati sakehing penyakit kaya sirah mumet, weteng mules, keju linu. Herbalis bias dipanen liwat online kanthi rega Rp500.000,00.
a. Iklan    c. Dheskripsi
b. Pawarta Koran  d. Artikel

29. Sing klebu perangane teks iklan yaiku…
a. Bakal dilaksanakake saben dina Sabtu.
b. Regane murah nanging piguna kanggo
c. Yen mateng rupane lan yen dipiket empuk.
d. Yen dieting ana lima, nanging jarene ana enem
.
30. Tembang sing kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i diarani tembang…
a. Kinanthi   c. Asmaradana
b. Gambuh   d. Pangkur

31. Tembang Kinanthi kedadean saka …
a. 7 gatra : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
b. 7 gatra : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a
c. 7 gatra : 8a, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
d. 6 gatra : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Teks kanggo nomer 32, 33, 34.

Sampun mijil sang pratanggapati
Kawuryan mencorong
Amadhangi jagad saisine
Mangkana hembeging narapati
Mring pepadhang yekti

32. Tembang iki jenenge tembang …
a. Mijil    c. Megatruh
b. Kinanthi   d. Sinom

33. Sasmitane tembang dumunung ing tembung …
a. Sampun   c. Kawuryan
b. Mijil    d. Pratanggapati

34. Mring pepadhang yekti, tegese …
a. Marang pepedhange jagad
b. Maringi sunar marang jagad
c. Temen-temen menehi pepadhang
d. Temenan madhangi jagad

Wacan iki kanggo nomer 35 – 39 !
Mudik Lebaran
  Saben tahun nyedaki dina riaya Idul Fitri, akeh wong sing bali ing kota kelahirane dewe-dewe saka perantauane. Pada bali kepengen ketemu karo keluargane dewe-dewe. Kegiatan kaya ngono kui iku istilahe diarani mudik. Wong-wong pada mudik gunakake piranti transportasi apa bae, saka montor, bus, kereta, kapal utawa montol mabur. Saking akehe wong seng pada mudik, dalan-dalan pada macet. Apa meneh pas wes nyedaki dina riaya kurang seminggu. Akeh wong sing mudik asale saka kutha-kutha gede, kaya Jakarta, Surabaya, Bandung, Semarang lan lia-liane. Dina riaya Idul Fitri bisa dadi wektu sing pas kanggo kumpul karo keluargane dewe-dewe, ing wektu iku biasane wong-wong sing pada kerja oleh liburan rada suwe. Dadi iso dimanfaatke kanggo silaturrahim mbi kabeh keluargane sing ana desa-desa.

35. Apa irah-irahan cerita ing dhuwur?
a. Lebaran   c. Mudik Lebaran
b. Mudik   d. Riaya Idul Fitri

36. Kang kalebu alat transportasi kanggo mudik, kejaba ....
a. Becak   c. Kapal
b. Montor   d. Kreta

37. Apa tujuane wong-wong pada mudik?
a. Kepengen dodolan nang desane
b. Kepengen liburan pas wektu Idul Fitri
c. Kepengen silaturrahim karo keluargane
d. Kepengen numpak montor mabur

38. Kenapa nyedaki wektu Idul Fitri dalan-dalan gedhe pada macet?
a. Amarga akeh wong kang liburan
b. Amarga akeh wong kang dodolan
c. Amarga akeh wong kang padha mudik
d. Amarga akeh wong kang luru keluargane

39. Ing ngendi tujuane wong-wong padha mudik iku?
a. Ing panggonan liburan
b. Ing panggon kerjane
c. Ing dalan-dalan
d. Ing kutha kelahirane

40. Salah siji cirine teks informasi yaiku …
a. Ngandani sing maca  
b.  Nyritakake panggonan
c. Kanyatan sebenere
d. Kanyatan sing digawe

41. Wacan iki sing klebu teks informasi yaiku …
a. Buku pelajaran, iklan, pengumuman
b. Buku pelajaran, kamus, crita rakyat
c. Dogeng, iklan, pengumuman
d. Buku pelajaran, dongen, crita rakyat

42. Ukara iki sing kalebu pariwara yaiku …
a. Wis ditemokake dhompet isi dhuwit, SIM, lan STNK.
b. Regane mung satus ewu rupiah, barange dijamin kualitas.
c. Sugeng enjing para rawuh wontwn gedhung sekolah mriki.
d. Sampule buku rupane biru gambar garudha, isine 120 lembar.

43. Pingin entuk informasi kedadean sing aktual, kudune golek teks sing wujude …
a. Iklan   c. Pariwara sekolah
b. Pawarta Koran  d. Artikel

44. Bhinneka Tunggal Ika dadi sesantine  bangsa Indonesia, jalaran kanggo …
a. Maneka werna suku saindenge Indonesia
b. Manunggale maneka wernane bangsa Indonesia
c. Ngrukunake bangsa Indonesia sing maneka werna
d. Mangerteni menawa ing Indonesia akeh suku

45. Guna kaya purun ingkang den antebi
Cuplike tembang ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune …
a. 9u    c. 11a
b. 10o   d. 12i

46. Tembang sing watake cocok kanggo katresnane ibu menyang anak yaiku tembang …
a. Maskumambang  c. Megatruh
b. Kinanthi   d. Sinom

47. Tembang sing kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a diarani tembang …
a. Kinanthi   c. Asmaradana
b. Gambuh   d. Pocung

48. Tembang Pangkur kedadeyan saka …
a. 7 gatra : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
b. 7 gatra : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a
c. 7 gatra : 8a, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
d. 6 gatra : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

49. Tembang Macapat cacahe ana …
a. 10    c. 12
b. 11    d. 13

50. Dadya wong pinilih
Guru wilangan lan guru lagune tembang ing dhuwur yaiku…
a. 6i    c. 7i
b. 6o   d. 7o


Kunci Jawaban Soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas 6
1. B
2. B
3. B
4. D
5. C
6. A
7. A
8. B
9. D
10. D
11. C
12. B
13. D
14. C
15. A
16. C
17. D
18. A
19. B
20. B
21. B
22. D
23. C
24. B
25. C
26. C
27. B
28. A
29. B
30. D
31. D
32. A
33. B
34. C
35. C
36. A
37. C
38. C
39. D
40. C
41. A
42. A
43. B
44. A
45. D
46. B
47. C
48. A
49. B
50. A


Comments

Popular posts from this blog

Soal Ulangan Aswaja Untuk Kelas 6 dan Kunci Jawabannya

Contoh Soal SKI Kelas 5 Lengkap dengan kunci jawaban | Penilaian Akhir Semester

Contoh Soal Al-Qur'an Hadits PAS Ajaran 2019/2020 Kelas 6