Contoh Soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas VI Semester ganjil 2019/2020


1. Ngandharake kedadean sabenere, iki salah sijine ciri … *

  • a. teks fiksi
  • b. teks peruasif
  • c. teks informasi
  • d. teks narasi
2. Wacan iki seng klebu teks informasi, yakuwi … *
  • a. iklan, dongeng, crita cekak
  • b. deskripsi, iklan, pariwara
  • c. pawarta, pariwara, dongeng
  • d. pariwara, dongeng, cerita rakyat
3. Solar taxi dicipta kanggo tujuan apa?Wangsulan sing luput yaiku … *
  • a. uwal saka pemanasan global
  • b. ngurangi gas emisi
  • c. transportasi ramah lingkungan
  • d. kanggo nambah karbon dioksida
4. Apa arane piranti sing kangggo nglumpukake sunare srengenge?… *
  • a. trailer mini rodha loro
  • b. panel solar cell
  • c. baterei tenaga listrik
  • d. baterei cadhangan
5. Diyu tegese tembung … 
  • a. kethek
  • b. kepencut
  • c. buta
  • d. dheweke
Wacan iki kanggo nomer 6-10.
                     Dhandhanggula
Wonten malih tuladha prayogi
Satriya gung ing nagri ngalengka
Sang kumbakarna arane
Tur iku warna diyu
Suprandene nggayuh utami
Duk awit prang ngalengka
Den nya darbe atur
Mring raka mrih raharja
Dasamuka tan keguh ing atur yekti
Dening mungsuh wanara

6. Tembang dhandhanggula iki satriya sing jenenge sapa? *
  • Tandai satu oval saja.
  • a. ngalengka
  • b. kumbakarna
  • c. dasamuka
  • d. wanara
7. Apa wujude Sang Kumbakarna kuwi ? *
  • a. satriya
  • b. diyu
  • c. 7
  • d. wanara
8. Kepriye ature Kumbakarna marang rakane ? *
  • Tandai satu oval saja.
  • a. nagri mrih raharja
  • b. nagri nggayuh utami
  • c. denya darbe atur
  • d. tan keguh ing atur yekti
9. Perang ngalengka kuwi perang antarane? *
  • a. Kumbakarna nglawan Dasamuka
  • b. Kumbakarna nglawan tindak utama
  • c. Ngalengka mungsuh Dasamuka
  • d. Diyu mungsuh wanara
10. Duk awit prang NgalengkaPerangan tembang Dhandhanggula iki gatra ka… *
  • a. 3
  • b. 4
  • c. 5
  • d. 6
Teks kanggo nomor 11, 12, 13
Sampun mijil sang pratanggapti
Kawuryan mencorong
Amadhangi jagad saisine
Mangkana hembeging narapati
Mring pepadhang yekti

11. Tembang iki jenenge tembang… *
  • a. mijil
  • b. kinanthi
  • c. megatruh
  • d. sinom
12. Sasmitane tembang dumunung ing tembung .... *
  • a. sampun
  • b. mijil
  • c. lawuryan
  • d. pratanggapti
13. Mring pepadhang yekti, tegese… *
  • a. marang pepedhange
  • b. maringi sunar marang jagad
  • c. temen – temen menehi pepadhang
  • d. temenan madhangi jagad
14. Tembang Kinanthi kedadean saka … *
  • a. 7 gatra : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
  • b. 7 gatra : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a
  • c. 7 gatra : 8a, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
  • d. 6 gatra : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
15. Tembang sing kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i diarani tembang .... *
  • a. kinanthi
  • b. gambuh
  • c. asmaradana
  • d. pangkur
16. Salah siji cirine teks informasi yakuwi ... *
  • a. ngandhani sing nulis
  • b. nyritakake panggonan
  • c. kanyatan sabenere
  • d. kanyatan sing digawe
17. Wacan iki seng klebu teks informasi ... *
  • a. buku pelajaran, iklan, pengumuman
  • b. buku pelajaran, kamus, crita rakyat
  • c. dongeng, iklan, pengumuman
  • d. buku pelajran, dongeng, crita rakyat
18. Ukara iki seng klebu pariwara yaiku ... *
  • a. wis ditemokake dhompet isi dhuwit, SIM, lan STNK.
  • b. regane mung satus ewu rupiah, barange dijamin kualitas.
  • c. sugeng enjing para rawuh wonten gedhung sekolah mriki.
  • d. sampule buku rupane biru gambar garudha, isine 120 lembar .
19. Pengin entuk informasi kedaden sing aktual, kudune golek teks sing wujude…. *
  • a. iklan
  • b. pawarta Koran
  • c. pariwara sekolah
  • d. artikel
20. Kanggo njaga supaya sumber banyu panggah bisa mili ing mangsa ketiga. Kudune njaga lingkungan kanthi ... *
  • a. lingkungan digawe sawah sing jembar
  • b. lingkungan digawe perumahan sing akeh
  • c. lingkungan ditanduri wit-witan gedhe
  • d. lingkungan diresiki banjur ditanduri suket
21. Bhinneka Tunggal Ika dadi sesantine bangsa Indonesia, jalaran kanggo... *
  • a. maneka werna suku saindenge Indonesia
  • b. manunggale maneka wernane bangsa Indonesia
  • c. ngrukunake bangsa Indonesia sing maneka warna
  • d. mengerteni Manawa ing Indonesia akeh suku
22. Guna kaya purun ingkang den antebiCuplikan tembang ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune ... *
  • a. 9u
  • b. 10o
  • c. 11a
  • d. 12i
23. Tembang sing watake cocok kanggo katresnane ibu menyang anak, yaiku tembang…. *
  • a. maskumambang
  • b. kinanthi
  • c. megatruh
  • d. sinom
24. Tembang sing kedadeyan saka 7 gatra : 8a, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a diarani tembang .... *
  • a. kinanthi
  • b. gambuh
  • c. asmaradana
  • d. pocung
25. Tembang pangkur kedadean saka .... *
  • a. 7 gatra : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
  • b. 7 gatra : 12a, 71, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a
  • c. 7 gatra : 8a, 8a, 8e, 8i, 8a, 8i, 12a
  • d. 6 gatra : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
26. Unen – unen kang gumathok, ajeg panggone, lan tegese wantah diarani .... *
  • a. parikan
  • b. bebasan
  • c. paribasan
  • d. saloka
27. Hersa ora melu mbolos kancane sing banjur dolan, nanging Hersa diarani melu. Kahanane Hersa diparibasake .... *
  • a. ketula – tula ketali
  • b. kriwikan dadi grojogan
  • c. ketiban awu anget
  • d. kencana katon wingka
28. Nabok nyilih tangan. Bebasan iki tegese.... *
  • a. nyilih dhuwit kancane diakokake wong liya.
  • b. nindakake tumindak ala kanthi kongkonan wong liya.
  • c. tumindak ala bebarengan karo wong akeh.
  • d. karepe ngapusi wong liya, nanging mala kapusan dhewe.
29. Pak Yudi nyilih dhuwit sayuta kanggo berobat marang Pak Manan. Pak Manan gelem nyilihi, nanging sesasi ora bisa mbalekake kudu nambahi satus ewu. Kedadeane Pak Manan ngene iki bisa dibebasakake.... *
  • a. diwenehi ati grogoh rempela
  • b. tulung menthung
  • c. tuna satak, bathi sanak
  • d. sepi ing pamrih rame ing gawe
30. Endas gundhul dikepeti. Tegese bebasan iki … *
  • a. supaya sirahe sansaya isis.
  • b. yen wis kepenak goleka sing luwih kepenak.
  • c. wis kepenak ditambahi kepenak maneh.
  • d. kepenake manungsa kuwi tansah kurang.
31. Aja nyeleh dhuwit glethak-gletek mundhak ilang, jalaran kelas kene ana kanca sing…Tembung entar sing bener kanggo nggenepi ukara iki … *
  • Tandai satu oval saja.
  • a. cupet pikire
  • b. dawa tangane
  • c. gedhe sirahe
  • d. tipis lambene
32. Kang kalebu titikane pawarta utawa informasi, yaiku … *
  • a. critane wong liya
  • b. kedaden ing crita
  • c. cathetan keadeane dhewe
  • d. kedadean kang nyata
33. Unsur pembangun informasi kang nuduhake ngenani alasan utawa sebab dumadine sawijine kedadean, yaiku… *
  • a. kapan
  • b. ing ngendi
  • c. kepriye
  • d. geneya
34. Mulat mangandhap katingal, tegese… *
  • a. madhep mandhuwur wis katon
  • b. madhep mangisor banjur katon
  • c. ngawasi kiwa tengen banjur katon
  • d. ngongak mangisor bola-bali
35. “Kedadeane ing lapangan Kecamatan Bangoan”.Unsur pambangun kang dituduhake saka ukara ing iki, yaiku… *
  • a. apa kang dumadi (what)
  • b. ing ngendi dumadine (where)
  • c. kapan dumadine (when)
  • d. kepriye dumadine (how)
36. Prakara sepele dadi prakara ghede, bebasane … *
  • a. kebo nusu gudel
  • b. becik ketitik ala ketara
  • c. adigang, adigung, adiguna
  • d. kriwikan dadi grojokan
37. Keplok ora tombok, duwe teges … *
  • a. gelem melu seneng, nanging ora gelem ngetokake wragad.
  • b. tumindak ala kanthi kongkonan marang wong liya.
  • c. katone ngrewang utawa nulung, nanging malah nyusahake.
  • d. wong sing keh omongane, nanging ora ana nyatane.
38. Tembung ing ngisor iki seng ora klebu jinise informasi, yaiku … *
  • a. cerita fiksi
  • b. narasi
  • c. deskripsi
  • d. persuasi
39. Produk anyar, supaya awak panggah sehat stamina kuat. Ngombe obat tetes Esteh. Diramu saka tetuwuhan herbal. Aman banget dikonsumsi! Jinise teks informasi iku jenenge… *
  • a. iklan
  • b. opini
  • c. artikel
  • d. pawarta
40. Ukara ing ngisor iki sing klebu pariwara yaiku .... *
  • a. listrik dina iki 3 Maret 2019 bakal mati jroning rong ing desa Mlathi, Mawar, lan Kenanga.
  • b. gununge katon biru njenggeleg, saka kadohan kaya buta sing lagi mangap mandhuwur
  • c. wis cukup semene dhisik kabar saka aku, mbesuk bisa disambung maneh.
  • d. kunir salah sijine bahan obat sing mujarab, mulane becik banget yen kanggo omben-omben.
41. Desa mawa cara, Negara mawa tata.Paribasan iki tegese…. *
  • a. desa dadi reh-rehane Negara.
  • b. saben papan duwe tata cara sing beda.
  • c. desa lan Negara duwe tatanan dhewe-dhewe.
  • d. tata cara kuwi diduweni desa lan Negara.
42. Tembang pangkur watake? *
  • a. sembrana
  • b. sedhih
  • c. guyub
  • d. sereng
43. Murih tentrem lahir batin.Tentrem kosok baline … *
  • a. ayem
  • b. tukaran
  • c. goreh
  • d. rukun
44. Ukara ing ngisor iki seng klebu saloka, yaiku … *
  • a. desa mawa cara Negara mawa tata
  • b. bathok bolu isi madu
  • c. asu belang kalunguwang
  • d. dom sumurup ing banyu
45. Beras kutah arang bali… Tegese barang sing wis dienggo ora bakal bali kaya maune. Bebasan iki teruse … *
  • a. menyang kandhange
  • b. menyang takere
  • c. menyang daringan
  • d. menyang parine
46. Mburu uceng kelangan dheleg. Tegese bebasan iki … *
  • a. mburu barang sepele nanging kelangan barang sing gedhe.
  • b. golek iwak uceng neng kali kelangan barang pengaji.
  • c. mburu barang sing pengaji, nanging kelangan barang sethithik
  • d. ngoyak wong cilik nanging dicekel wong sing luwih gedhe.
47. Paragane ing wacan informasi wujude … *
  • a. jeneng singlon manungsa
  • b. jeneng tambahan
  • c. jeneng wong rerekan
  • d. jeneng manungsa sabenere
48. Kebo mulih menyang kandhange. Bebasan iki tegese… *
  • a. wong tuwa mbesuk yen wis tuwa bakal diopeni dening anake.
  • b. wong lelungan adoh, mbesuk bakal bali menyang papan asale.
  • c. wong urip kuwih mbesuk yen mati bakal bali menyang asale.
  • d. wong yen wis mati bakal ngadhep marang Gusti Kang Murbeng Dumadi.
49. Sesanti utawa slogan nduweni titikan. Coba golekana titikane sing bener ing ngisor iki … *
  • a. ukarane ngajak-ajak
  • b. ukarane mamerake
  • c. ukarane nyenengake
  • d. ukarane ngujuk-ujuki
50. Unen-unen sing jenise saloka ing ngisor iki yaiku … *
  • a. blilu tau, pinter during nglakoni
  • b. tutwuri handayani
  • c. kerot ora duwe untu
  • d. kebo nusu gudel

Post a Comment for "Contoh Soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas VI Semester ganjil 2019/2020"